Thanks for this day.. May God bless us everyone and everywhere..
Diberdayakan oleh Blogger.

Rabu, 14 Maret 2012

Sibuk Ambe Urusane Dhewe-dhewe

Aku saiki pengen curhat. Tapi koq aku pengen nganggo Basa Jawa yo; iso Basa Jawa Tengah, iso Basa Jawa Barat. Wis, pokoke sakarepku wae yo. Hehehe.... Embuh iki, koq tetumbenan aku pengen nulis koyo ngene. Ben yo, sekali-sekali wae koq. Ora bakal sering-sering. Tenan :D

Ngene. Aku agek nyadar, koq kahanane wong-wong awake dhewe koq dadi podho ora nggenah ya. Ono sing sibuk dadi pendukung sepak bola, nganti bandhem-bandheman koyo ngono. Durung maneh ono sing nantangi ben digantung. Ono sing sibuk arep bagi-bagi be el te, sautoro be be em soyo munggah regane. Koyo ora ono alesan seje; rego minyak dunyo munggah, terus ora ono maneh solusi liane kecuali regane melu diunggahke. Ono maneh sing sibuk nyolong dhite embuh sopo. Akeh banget ketoke nek sing sibuk neng bidang iki. Ono maneh sing sibuk nyalonke dadi pemimpin daerah. Ono maneh sing sibuk dolanan narkoba. Ora tanggung-tanggung. Sing jarene aparat negara yo sibuk neng dunyo koyo ngono; lanang wedok podho wae. Lah kepiye nek wis koyo ngene iki, coba? Aku ngantek sedih, terus dadi luwe. Hah, ora nyambung yo.... Durung maneh kedadian liane sing akeh banget nek ditulis neng kene.

Terus sing mesake ki sing arep mbunuh awake dhewe. Lha koq malah ndilalahe ki tetep urip, tapi wis ora duwe sikil, mergo loro-lorone sikil sing duwe ketabrak mobil pas tibo landing seko terjun bebas. Wingi banget, ono pemuda sing markirke motore neng cedhak jembatan layang. E, lha koq langsung terjun soko kono, mbuh, nibani kendaraan sing neng ngisore jembatan kuwi opo ora. Aku tekan saiki isih ora iso mikir, ngopo yo koq bunuh diri saiki soyo ngetrend. Kayane ki wis dijamin mlebu suargo loka nek iso tegel ngilangke nyawane dhewe. Jiiiaannn.... Heran tenan aku...
Kahanane awake dhewe ora iso dianggep remeh temeh lho. Koq iso yo bongso iki ngalami ora mung musim paceklik. Tapi musim tabrakan. Ngalami musim kesurupan. Ngalami musim bunuh diri. Weee lah.... Yake setan-setan saiki podho sakti yo. Bener-bener iso apik lan rapi njalanke tugase, ngejaki wong-wong ben egois, ben kacau.

Sepanjang pengamatanku *halaaahhhh pengamat kedaden hihihi* kabeh sing wis tak sebut kuwi mau ki mergo sing neng dhuwur ki ora patek peduli marang wong-wonge. Kabeh podho sibuk ambe urusane dhewe-dhewe. Ming mikir kepentingane dhewe. Sing penting ki seneng awake dhewe. Ah embuhlah. Aku saiki yo lagi mikir ongkos angkot nek mengko dadi munggah. Moga-moga ora ono sing bunuh diri mergo kenaikan iki. Utowo, malah akeh yo mengko? Mrinding tenan mbayangke kuwi.

Wis ah, curhate cekap semanten kemawon. Senajan basaku pating pecotot, terus bahasan-ne wis ra mutu sisan, tapi sing penting aku wis usaha dening tulisanku iki ben ora lali ambe basa leluhurku.  *Dadi kelingan Panjebar Semangat :D
Wis yo, tak tutup ambe sirah ngelu, godek-godek ra jelas. Mata kunang-kunang, weteng soyo luwe, mata ngantuk. Piye karepe wis ra nggenah. Hihi.. Ra popo yo, sing penting ki tetep waras, sehat lahir batine....

Duh Gusti..... Paringono sabar, tawakal, kuat iman.


Mohon maaf yang setulusnya, bagi pembaca yang kebetulan baca postingan ini, dan tidak mengerti isinya, soalnya aku tidak menyediakan terjemahannya. Hehehe... Keep on your nice smile yaaa... :D

2 komentar:

narti mengatakan... [Reply Comment]

kayaknya google translate perlu ditambahin bhs Jawa deh mba... ^_^
Iya mba, semoga kita selalu sabar, tawakal, kuat iman, eling marang sing gawe urip :)

windflowers mengatakan... [Reply Comment]

hahaha...iya bener mba..hrs ditambahin sm bhs jawa hihi..
iya mba narti...amin...

Posting Komentar

[[ Form mobile comments ]]